Cerkak Basa Jawa Lucu
conto cerkak basa jawa
1. conto cerkak basa jawa
Prabandari Muridku
Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa srek lan seneng. Murid-muridku isih ana rasa hormat lan patuh karo guru, uga nggatekke yen diwulang. Kancaku paron, sing sepuh meh purna tugas ya ana, sedhengan yuswane, lan saangkatanku munggah sithik, isih akeh sing padha mbujang.
Awakku klebu yunior neng sekolahan kono. Sekolahan kuwi klebu neng kutha Kabupaten, dadi ya wis reja lan rame. Marang watak-watakke kanca-kanca guru, uga marang murid-muridku, aku wis apal, mula ya bisa nyrateni. Nganti atiku krasa, yen aku ditresnani kanca lan disenengi murid-muridku.
Jarene aku mono guru sing humoris. Ana siji muridku wadon sing tansah dadi kawigatenku. Kejaba bocah kuwi ayu ning ya pinter, cepet ngerti yen diterangke. Ning ndhugale ……., ya ampun tenan. Yen rumangsa panemune bener, marang sapa wae wani …. klebu marang aku gurune.
Bocah kuwi yen durung ngerti. Ora sungkan takon ing wektu ngaso. Malah nalika tak gawani PR saka sekolahan sing kudu ditumpuk Minggu ngarep, dumadakan Prabandari, ngono jenenge muridku kuwi takon :
?Pak Gun, penjenengan punika dalemipun pundi ta, pak ??
?O …. aku neng kene mung kost kok, omahku adoh neng ndesa kana, dene olehku kost neng Kampung Kenari Jl. Retawu No 7, ana apa ta Ndari ?? Pitakonku marang bocah kuwi.
?Inggih namung kepingin ngertos kok pak. Rak pareng ta menawi kula lan rencang-rencang dolan mrika ??
?Wah ya pareng banget, ning ya matur dhisik sak durunge, merga kegiatanku kampus kuwi akeh banget?.
?O …. inggih matur nuwun pak? kandhane karo mlayu ninggal esem. Ya esem kuwi sing njalari K.O., aku sing isih jaka kumala-kala iki, ati njur marahi gonjang-ganjing. Batinku : O Prabandari, wiwit aku mlebu mulang klas III sepisanan, aku wis kasengsem karo citramu sing ayu ….. najan ndhugalmu ngluwihi bocah lanang.
Tenan ….. lagi entuk telung ndina saka olehku nggawani PR, Ndari wis teka neng kost-kostsanku ijen, mung saperlu laporan yen ora bisa nggarap PR-re. Jarene durung dhong tenan nalika tak terangke.
Ning ya tiwas kebeneran, aku bisa nyawang sak maremku marang dheweke neng omahku. Mula kandhaku karo mapan lungguh ing kursi tamu :
?Ya wis ta kene, tak terangke sepisan maneh, sing kowe nganti ngerti lan bisa nggarap PR kuwi?.
?Inggih, pak?. Prabandari banjur ngetokke buku lan uga kertas orek-orek saka tase.
Aku ya njur gawe soal sing bakal tak anggo nerangke dheweke. Tak terangke lan tak contoni soal ngati telu, dheweke lagi mudheng tenan. Sidane Ndari njur takon:
?Pak, menawi soal PR kula garap wonten mriki kados pundi ??
?Wah becike garapen neng ngomahmu wae Ndari, kowe bisa takon-takonan kara kancamu, ning janji, ora nedhak lan ora kena kon nggarapke?.
?Inggih pak, prayoginipun mangkeh kula garapipun piyambak?.
?Syukur yen ngono, dadi kowe percaya karo awakmu dhewe?. Sarehne aku wong kost, mangka manganku neng njaba, mula Prabandari ya ora tak suguhi apa-apa.
Dheweke uga maklum. Bareng dheweke pamit mulih, lagi aku ajak-ajak :
?Ndari !, nek ngelak metu jajan dhisik yuk karo aku ……, piye ??
?Ah matur nuwun pak, mangga pak guru kemawon, mangkeh kula wonten nggriya kemawon?.
Nalika salaman, tangane tak gegem kenceng, dene tanganku kiwa kober nyiwel pipine sing mrusuh kuwi.
Prabandari gage ngeculke gegemane, njur mberot mlayu marani motore, karo celathu :
?Ah …. pak Gunawan ….. kok nakal, ngenjing kula critakke bocah-bocah lho, pak?.
?Aja ….. aja …. aja tenan Ndari ….. sorry nek ora dadi atimu?. Embuh krungu embuh ora, aku kandha ngono, ning bocahe njur nggeblas sawise motore urip. Ana sapletik rasa getun, e yagene ing atiku dumadakan wae ana rasa gregeten ….. neng bocah kuwi.
Ning ya piye maneh, arep dikapakna wong jeneng wis kebacut, ya ngene iki sing njur marahi mlorot wibawaning guru enom, padha luntur ing sangarepe muride.
Wayah sore, rumangsa sumpek ana ngomah, aku ngglindhingke motorku mubeng-mubeng kutha Kabupaten. Nalika tekan lapangan kepener ana tandhingan bal. Lapangan mau sabrangan karo toko Supermark
2. membuat cerkak dalam basa jawa
Penjelasan:
Pak Adi
Ing desaku ana bakul bakso jenenge Pak Adi, wonge lucu lan ora tau nesu. kabeh wong kampung seneg tuku baksone pak Adi amarga deweke lucu lan nduluri.
ing sawijining dina pak Adi lunga menyang kutha. ora krasa wes rong taun pak Adi ora bali kampung. wong-wong pada rumangsa kelangan pak Adi . ana toko bakso akeh nanging ora ana snig kaya pak Adi , rasa baksone pak Adi pancen biasa, nanging pelayanane kuwi sing marai kabeh wong ngangeni pak Adi.
ing sawijining dina ana kabar yen pak adi ketangkep gara-gara masalah narkoba. jebule pak adi buronan narkoba. kabeh uwong kaget nanging tetep ngelingi yen pak adi kuwi wong apik. pak adi tetep tukang bakso kang dikangeni wong desaku.
3. Buatkan cerkak basa jawa?
Kancil lan Pitik Walik sing rumongso kudu lucuAna Pitik Walik sing seneng ngomong lucu-lucu karo kancane. Menawa ketemu kancane, Pitik Walik mesthi usaha gawe cerita lucu-lucu nganthek kancane pada ngguyu kemekelen. Dheweke ya sok ngarang cerita pengalaman sing aneh-aneh sing durung tau dialami dening pithik liyane. Kayata lelungan numpak manuk wulung terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega. Kadang-kadang Pitik Walik gawe tingkah laku lucu nek lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik liyane pada seneng menawa kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesthi pada ditanggap supaya ngomong sing aing-aing.
Sawijining ndino Pitik Walik ndelik ning guwo karo nangis nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwo.
"Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik Walik" pitakone Kancil
"Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane"
"Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!" jawabe Kancil
"Aku kesel kancil. Aku kesel banget pendak ndino kudu ngarang cerita sing aneh-aneh ben pada gelem cedhak karo aku. Kanca-kancaku mesthi dho ora gelem srawung karo aku sing wulune aneh menawa aku ora iso gawe ngguyu"
"Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem ngrungokkake ceritane dheweke. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan" celathune Kancil
"Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-kancaku?"
"Laiyo rasah no! Aku malah ora iso ndagel we iso nduwe kanca akeh kok! Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru" nasehate Kancil
"Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan ditinggal karo kanca-kancaku"
"Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo kowe" ujare Kancil
"Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae. Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen kancaku sing paling wicaksono" celathune Pithik Walik kanthi rupa sumringah.
Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik Walik seneng ngrungokke omongane pithik liyane
4. Buat naskah drama basa jawa dengan tema lucu dan romantis
JUDUL :
SOMBONG ISO NGRUSAK KEKANCAN
Sule , Asri ,Rege,lan Vega uwis suwe dadi konco. Cah papat kuwi dasare anake wong sugih. Kerep jajan bareng-bareng kerep seneng-seneng bareng. Ananing ,, kabeh dadi maleh pas bapake Rege bangkrut.
Neng ruwang kelas pas agek piket.
Rege : Man, , , aku, ennntuk njaluk tulung ra’
Suleman : (etok-etok ra krungu)
Rege : wee..!! man! Njuk tulung entuk raa?! Tulung balekno sapu iki sisan , kowe yo wis rampung nyapune too..!
Suleman : appa. .! mbalekke. . ra suddi. !
Rege : asem ik, kowe i bar mangan opo to Man. Ko ndengaren Jutex men karo aku. .
Suleman : arep ngoppo. Mangan opo yo uduk urusanmu!! Wis minggiro kono!
Asri : wis-wis, kowe i do ngopo to. Ko ‘ kerenagn wae. Nak eneng masalah ki yo mbok di omongke apek-apek...
Vega : ho oh. . . lha ngopo to Man , kok kowe koyo nesu karo Rege ngono.
Rege : (nyelehke sapune) owwraa’ !soppo seng kondo. Awake dewe apek-apek ae to Man.
Suleman : Ra! Aku saiki ra seneng karo kowe, kowe saiki mlarat, wis do minggir- minggir!
(Lungo neng mburi karo nggowo sapu)
Asri :Sek yo. . tak marani Sule disik ( Lungo)
Vega : (gedeg-gedeg) Yo wiis. . . sante haeee. . pancen Suleki wonge ngonno. . Ra sah mbok pikir. .
Rege : Haaah. .ck . .laiyyo to Peg. Aku yo ra ngiro suleman ngono. Jebolno wonge sombong banget.
Vega : ssst ojo banter2 wonge ndak krungu.
(KRUNGU SUORO BEL) Ho. .! wis bel. Gek balekno sek sapune.
. . . . .
Wis pirang-pirang ndino Rege karo Sule ora dolan bareng. Sule milih dolan karo Asri lan cah sugeh-sugeh liyane. Terus, sak wijine esok
Asri : Sul, kowe ngerti ra’
Sule : oppo !
Asri : Aku nduwe Hp anyar . lho iki. . isoh di pencet – pencet layare lho, kowe Ra nduwe to. .
Sule : eh. Ho oh apike, oppo merk e. Regane piro?
Asri : iki Hp **** **** Regane murahh. . mur Rp. 6.789.000,-. Smart phone lho iki.
Narator : padahal kuwi mur seng nyileh. .!
Sule : Halah. Mur semono to regane . kecil no. Bapakku kan bozzz . .
Asri : (Kaget) wuss. .! elok tenan . yo wis sesok tukuwo yo, seng luwih apek soko iki.
Sule : (Dg Pdne sule ngomong. . . . .)
iyyo. .gampang . . bisa diatur . .
Asri : hallah . .!
Wektu mUleh sekolah. Suleman wis tekan ngomah. Terruss . . . . langsung . . . .
Sule : Pak, pak e tukok ne Hp! !
Bpke : heh! Oppo! Nyerako rene!
Sule : pak. Anu . .tukok ne Hp Pak. .
Bpke : oppo! Tuku Hp! Meneh! Lha Hpmu seng kuwi arep kok nggo oppo.
Sule : iki. . .kurang apek,. . ungsume saiki Hp seng isohdi pijet layare. .
Bpke : ( njane arep nganndani, neng ora kuwat, dadi bpke nyeluk ibuke. . )
Buk . . .! buke. . . .
Mboke : yo. . kosek . . enek oppo to pak. .
Bpk : (ngei isyarat) kandanono anakmu kono . .!
Mboke : lLee . . ., ngene lho. Takkandani yo. Neng ojo kaget!
Sule : enek oppo to Buk?!
Mboke : piye yo( menghirup napas panjang. . ancang- ancang. .siap. .Yakk!) Bapakmu ki agaek eneng masalah eneg kantore, eneng klienne bapakmu seng wis marai rugi perusahaan. .
Sule : maksude . .
Mbkke : yoo . . kowe ra iso tuku Hp. Bapakmu kapusan. . mulo awake dewe kudu hemat , ra sah tuku sek ra penting. Omah iki, sesok kudu ditinggalke, keluarga iki kudu golek omah seng luwih sedrhana . terus omah iki. Di dol.
Sule : OppO . . .!! –OH tidak munggkiin . . .!!!- maksude bangrut.
(Ngawaske drijine . . terus. .) ora urusan! Pokoke kudu tuku Hp! Titik!!
Bpke : ( Brakkkk!!) We!!, ra sah ngeyel, mbok yo ngerti keadaane wong tuwo sitik ngono lhooo!
Sule : neng . . . neng . . ak aku. .
Bpke : ra enek neng-neng an, pokoke kowe kudu hemat!
Sule : asem!(lungo neng kamare)
Bpk : we, ngopmong oppo kowe. . (lingguh)
Kurang ajar banget cah kuwi . .!
Bpk : salahe soppo seng manjakke. . banget2
Bpke lan Mboke: (melepaskan napas panjang. . . siap. . yak .!) Haaa a a a a a . . . .
..
. . . . .
Bpke : mboke, piye nek saiki ngejak sule neng “ ngenndi” ngono?
Mboke : Lha neng ngendi. .?
Bpke : wis kuwi rahasia. Pokoke celuken Sule, nek ora gelem kondo wo arep di tukokne Hp.
Mboke : yoo
. . . . . . . .
Mboke : Sule, rene osek le. . arep di jak bapk mu
Sule : yo ( moro) arep sido ditukok ne Hp to Buk.
Mboke : yo emmbuh, pokoke melu o bpk mu sek.
..
SEKIAN. MATURNUWUN.
5. unsur unsur intristik cerkak basa jawa
alur, plot, setting, paraga, watak
6. nggawea cerkak basa jawa nganggo basa rinengga
senajan ayu rupane ananging akeh sing padha ora seneng amerga tipis lambene
7. Buatlah 1 cerkak singkat basa jawa
Jawaban:
Pak Bakri
Ing desaku ana bakul sate jenenge Pak Bakri, wonge lucu lan ora tau nesu. kabeh wong kampung seneg tukus atene pak Bakri amarga deweke lucu lan nduluri.
ing sawijining dina pak bakri lunga menyang kutha. ora krasa wes rong taun pak bakri ora bali kampung. wong-wong pada rumangsa kelangan pak Bakri. ana toko sate akeh nanging ora ana sig kaya pak bakri, rasa satene pak bakri pancen biasa, nanging pelayanane kuwi sing marai kabeh wong ngangeni pak bakri.
ing sawijining dina ana kabar yen pak bakri ketangkep gara-gara masalah narkoba. jebule pa bakri buronan narkoba. kabeh uwong kaget nanging tetep ngelingi yen pak bakri kuwi wong apik. pak bakri tetep tukang sate kang dikangeni wong desaku.
8. contoh cerkak basa jawa
Jawaban:
Ing setunggale dinten Pak Bejo tukang ojek online, uripe pun pas-pasan lan ngadah anak tasek sekolah TK. Koyo biasane Pak Bejo ngeteraken anake ing sekolah, banjur niku mangkal ten pinggir dalan, ngerantosi pelanggan lintanng hpne kang sampun rusak.
9. gawe cerkak basa jawa seng tema e pendidikan
pendidikan kang ono ing indonesia iki sangat kurang fasilitase.akeh cah cilik akang do ra sekolah,mergo ora ono biyaya kangge sekolah.Mergo iku pemerintah kudu ngajokke sekolah gratis kangge keluarga kang miskin utawa sing urip pas-pasan.
10. cerkak basa jawa 500 kata
Cerkak Gusti maha welasz
Wektune wis kira-kira jam wolu esuk. Anggota perangkat desa ing Desa Sumbermulya wis padha teka, apa maneh dina iku bakal ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi iku dianakake pendak telung tahun sepisan. Warga kirap mubeng desa ngarak wulu wetuning desa kono kanthi dientha-entha gunungan. Bubar iku sing uwis, njur diterusake tontonan, sing paragane ya warga kono wae, kanthi mentaske budaya seni sing wis padha disiapake. Mengko minangka panutup wayangan sewengi natas ing bale desa.
Pak lurah gumun, dene Pak Wiro sing tukang reresik bale, nata meja kursi sing arep kanggo rapat kok malah ora mlebu. Gek ana apa? Mangka adat saben, Pak Wiro tukang kebon kuwi teka mesthi gasik, gaweyan sing dadi jejibahane ditandangi sak-sek, sedhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane. Mula bareng perangkat desa wis pepak, lan rapat arep diwiwiti, pak lurah medal neng pawon nggoleki bu lurah njur ngendika :
?Bu, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat, mbok kana neng omahe Pak Wiro ditiliki, geneya kok ora teka nyambut gawe?? Bu lurah sumaguh, lan terus tindak neng nggone Pak Wiro.
Tekan kana omahe tinemu tutupan suwung. Gek dha menyang ngendi? Anake Pak Wiro mono lanang wadon, Diran lan Marti. Diran wis ana STM klas II Mesin, dene Marti lagi klas III SMP wis arep ujian. Bocah loro kuwi padha maju sekolahe, ora tau nunggak. Mulih sekolah ya dha ngerti ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Diran kerep nggenteni bapakne, gaweyan reresik kebon lan nata bale sawise bubar kantor. Ora mokal yen pak lurah sakulawarga remen karo anak-anake Pak Wiro sing padha sregep lan nurut kuwi.
Bu lurah pirsa omahe Pak Wiro tutupan, njur tindak neng omah wetane nggone Mbokdhe Kromo, sing kebeneran wonge lagi reresik sumur. Nuli ngendikane :
?Mbok Kromo!, griyane Pak Wiro niku kok tutupan, tiyange sami teng pundi ?? Mbok Kromo ndengengek karo nyedhak mangsuli :
?O? Bu Lurah, anu Bu, Pak Wiro niku ngeterke Mbok Wiro teng Puskesmas, empun tigang dinten sambat mumet, malah wingi nggih empun kulo keroki. Criyose Pak Wiro, wau dalu mboten saget tilem gek badane criyose benter sanget. Mila wau mruput diboncengke sepeda dibekta teng Puskesmas.? Bu lurah manthuk-manthuk karo ngendika :
?O…. ngoten ta Mbok Kromo, nuwun nggih disukani sumerep, mangkeh kula aturne Pak Lurah?.
Bubar ngendika ngono bu lurah banjur kondur. Esuke Pak Wiro wis nyambut gawe kasya adate, dene pak lurah sawise dilapuri garwane, ya ora ndangu apa-apa karo Pak Wiro. Ning sorebne pak lurah sekalihan merlokke tilik neng omahe Pak Wiro, ngaruhke bojone sing jare lara.
Tenan, tekan ngomahe Pak Wiro kabeh ngumpul nunggoni sing lara. Pak lurah sekalihan uga banjur mlebu neng senthong peturone Mbok Wiro. Nalika wis tekan ngarep lawang, ndadak keprungu lagi padha sembahyang Pak Wiro sing mbawa. Pak lurah kandheg ora sida mlebu supaya ora ngganggu.
Panjenengane pirsa, yen Pak Wiro sabrayat wong sing tumemen ngibadahe, sregep neng nggreja, uripe neng masyarakat apik, lan tinresnan ing tangga teparo, tansah pinter momong sok sopoa, lan ora tau gawe rugi lan serik ing liyan. Bareng wis sepi tandha rampung anggone padha sembahyang, pak lurah sekalihan banjur alon-alon mlebu nuli ngendikane :
?Piye Mbok Wiro, laramu??
?O Pak… Bu…. Lurah, matur nuwun dipun rawuhi, sakit kul…. kula sam….. sampun kath…… kathah sud……. sudanipun…….? Wangsulane pedhot-pedhot, Pak Wiro sambung atur :
?Ngendikanipun Dokter, Pak Lurah, semah kula punika namung kekathahen mikir.?
?O….. mikir apa ta Mbok Wiro?? pandhangune pak lurah alon-alon.
?Anu Pak Lurah…. dhenok Marti punika wingi criyos, yen piyambakipun mboten kepareng ndherek ujian dhening guru klasipun, awit…. awit…..? Mbok Wiro ora bisa nerusake matur, ning njur brebel……. mripate kekembeng luh. Semono ugo Marti sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos mripate. Pak lurah lan garwane saya kepingin banget ngerti sebabe. Nuli ngendikane bu lurah
11. buatlah sebuah cerkak yang lucu ?
Jaman biyen ana wong ndeso sing diajak menyang kuta jenengane pak tuwuh. Pak tuwuh mau banjur mlaku-mlaku. Sawise mlaku-mlaku pak tuwuh mandeg pak tuwuh weruh bule mlebu bank sing tulisane open banjur kuwi pak tuwuh ngomo karo bule mau"ati-ati kuwi oven lho" banjur ono wong negro metu banjur wong negro mau metu pak tuwuh ngmong"tenan to omongku lha dadi gosong kowe"
12. Cerkak basa jawa tema persahabatan?
coba buka :
ceritajawalia.blogspot.com/2013/10/cerak-bahasa-jawa-persahabatan-yang.html
buka di= ceritajawalia.blogspot.com/2013/10/cerak-bahasa-jawa-persahabatan
13. Buatlah Cerkak basa jawa min 1 setengah halaman dengan tema bebas ..!!
Statistika tembung kasebut asal saka basa Latin, sing tegese status negara utawa kanggo perkara sing ana hubungane karo konstitusi. Awalé statistik mung gegandhèngan karo sawetara angka bab populasi utawa wilayah lan pendapatan masarakat. Kalebu, koleksi nomer sing dibutuhake dening pemerintah kanggo ngrampungake sawetara masalah.
14. Cerkak basa jawa singkat tentang pengalaman pribadi
Dino selasa wingi, aku sepedaan karo konco-koncoku, aku lan koncoku sepedaan ning cedak omahku, ning cedak omahku ono parit gedhe, aku ora sengaja nabrak wit-witan sing panggone cedak parit kui mau, aku banjur tibo, ibuku langsung nyamperi aku lan langsung ngobati sikilku mau.
15. amanat cerkak basa jawa yang berjudul ora bersyukur
nek entuk nikmat ojo lali bersyukur marang gusti
Posting Komentar untuk "Cerkak Basa Jawa Lucu"